Senin, 23 Desember 2013

UPACARA ADAT TEDAK SITEN

Tedhak siten utawa tedak siti iku salah siji upacara adat jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. upacara iki ing dhaerah Nuswantara uga ana, tuladhane sing diarani upacara injak tanah ing dhaerah Jakarta dening suku Betawi utawa uga ana sing diarani "medhun lemah" lan "udhun-udhunan"

Tedhak siten iku asale saka tembung tedhak, idhak utawa medhun saka siten (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakke ing umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7x35)= 245.

Upacara tedha siten dianakake amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kedadeyan sing ora becik, mula dianakake upacara ngenalakake putra-putrine marang Bathara Kala minangka sing jaga lemah. Anggone ngelakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.

Ubarampe kanggo upacara iki, yaiku :

1. Pangaron sing diisi kembang setaman
2. Kurungan, kanggo nggambarakake yen doyanne anak iseh sithik utawa ciut.
3. Werna-werna kang diselehake sajroning kurungan kang nggambarake suwine urip, manungsa dewe duweni kewajiban nggolek nafkah, kayat :
a. Pari Sebengket
b. Kapuk Sabengket
c. Piranti Nulis
d. Bokor kang diisi beras kuning
e. Werna-werma jinis dhuwit
f. "Perhiasan"
3. Klasa sing anyar, kanggo lemek ing njero kurungan
4. Bakaran pitik, kang nggambarake pedoman uripe anak
5. Tangga Tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernane ungu kang nggambarake undha-undhakane urip sing arep dilakoni anak.
6. Jadah pitung werna, yaiku abang, kuning, biru, ireng, putih, ungu, lan jambon. Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
7. Bancaan, kayata sega gudangan sing dibagikake marang tamu sing padha teka.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar