KUMPULAN GEGURITAN
dening ardhina riana
POLAHMU
OMBAK
Birunne werna banyu
Putihe werna pasir
Swarane ombak padha mlayu
Netremake suasana iki
Aku playon ing pasir
Ninggalake bekas tapak lakuku
Ora suwe..
Tapakku ulang amarga ombak
Delok ombak padha palyon
Ngerasakake rasa kang seneng
Aku ing kene batin
Aku bakal teka meneh
Ngadek anteng karo delok polahmu
Lan ninggalakake esemku
SUASANA
ESUK
Ademme hawa esuk
Gawe mrinding kulit iki
Sempribite angin
Gawe obah gegodongan
Telese dalan
Ninggalake bekasse tapak
Swaranne manuk
Ngiringi nyambut dina iki
Lakukune manungsa
Diwiwiti wayah esuk iki
KEPENGENAN
Ilmu kang ngiringi
Tansah ana ing mburimu
Tanggungan tansah mbayangi
Niat kang ngelumpuk
Awale usaha kang kudu dilakoni
Ora ana niat gawe bebani
Kepingenku namung siji
Weruh wong tuwa seneng
Karo apa kang tak lakonni
KANCA
KANG TANSAH ANA
Esem kang tansah
warnai
Dina-dina dilakoni bareng-bareng
Ora bosen nyawang rupa
Ora isen nyandang pada
Status
kang ora pada
Udu
beban kang diemban
Wektu
dadi saksi
Anggone
bebarengan
Ing dongaku
Tansah ana jenengmu, cah
Lan pangarepku
Muga tansah bebaregan
Kanthi raga kang maringi jawaban
ING
JAMAN KUWI
Ing jaman kepungkur ana tresna
Ing jaman kepungkur ana sliramu
Nanging saiki apa daya
Rasa kang pada ing jaman kepungkur
Ora ana meneh crita
Tresnaku uwes ilang
Digawa lakune angin
Aku lunga
Aja kok takoki lungaku
Iki kang ku pilih
Gawe aku lan sliramu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar