Ing Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana
kono gambar Macan, Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake
Sedulur Papat mungguhing manungsa. Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang
warna yaiku : Macan nggambarake nafsu Amarah, Bantheng nggambarake nafsu
Supiyah, Kethek nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk Merak nggambarake nafsu
Mutmainah.
SEDULUR PAPAT LIMA PANCER Njupuk sumber
saka Kitab Kidungan Purwajati seratane , diwiwiti saka tembang
Dhandanggula kang cakepane mangkene :
Ana kidung ing kadang Marmati Amung tuwuh ing kuwasanira
Nganakaken saciptane Kakang Kawah puniku Kang rumeksa ing awak mami Anekakake
sedya Ing kuwasanipun Adhi Ari-Ari ingkang Memayungi laku kuwasanireki
Angenakken pangarah Ponang Getih ing rahina wengi Ngrerewangi ulah kang kuwasa
Andadekaken karsane Puser kuwasanipun Nguyu-uyu sabawa mami Nuruti ing panedha
Kuwasanireku Jangkep kadang ingsun papat Kalimane wus dadi pancer sawiji
Tunggal sawujud ingwang Ing tembang dhuwur iku disebutake yen ” Sedulur Papat ”
iku Marmati, Kawah, Ari-Ari, lan Getih kang kaprahe diarani
Rahsa. Kabeh kuwi mancer neng Puser (Udel) yaiku mancer ing Bayi.
Cethane mancer marang uwonge kuwi. Geneya kok disebut
Marmati, kakang Kawah, Adhi Ari-Ari lan Rahsa kuwi?. Marmati iku tegese Samar
Mati ! lire yen wong wadon pas nggarbini ( hamil ) iku sadina-dina pikirane
uwas Samar Mati. Rasa uwas kawatir pralaya anane dhisik dhewe sadurunge metune
Kawah, Ari-Ari lan Rahsa kuwi mau, mulane Rasa Samar Mati iku
banjur dianggep minangka Sadulur Tuwa. Wong nggarbini yen pas
babaran kae, kang dhisik dhewe iku metune Banyu Kawah sak durunge
laire bayi, mula Kawah banjur dianggep Sadulur Tuwa kang lumrahe
diarani Kakang Kawah. Yen Kawah wis mancal medhal, banjur disusul laire
bayi, sakwise kuwi banjur disusul Metune Ari-Ari. Sarehne Ari-Ari
iku metune sakwise bayi lair, mulane Ari-Ari iku diarani Sedulur Enom
lan kasebut Adhi Ari-Ari Lamun ana wong abaran tartamtu ngetokake Rah
( Getih ) sapirang-pirang. Wetune Rah (Rahsa) iki uga ing wektu akhir, mula
Rahsa iku uga dianggep Sedulur Enom. Puser (Tali Plasenta) iku umume
PUPAK yen bayi wis umur pitung dina. Puser kang copot saka
udel kuwi uga dianggep Sedulure bayi. Iki dianggep Pancer pusate Sedulur
Papat. Mula banjur tuwuh unen-unen ” SEDULUR PAPAT LIMA PANCER ” 0
Kekayon wayang purwa kang kaprahe kasebut Gunungan, ana kono gambar Macan,
Bantheng, Kethek lan Manuk Merak. Kocape kuwi mujudake Sedulur Papat mungguhing
manungsa.
Kewan cacah papat mau nggambarake nafsu patang warna yaiku :
Macan nggambarake nafsu Amarah, Bantheng nggambarake nafsu Supiyah, Kethek
nggambarake nafsu Aluamah, lan Manuk Merak nggambarake nafsu Mutmainah kang
kabeh mau bisa dibabarake kaya ukara ing ngisor iki: Amarah : Yen
manungsa ngetutake amarah iku tartamtu tansaya bengkerengan lan padudon wae,
bisa-bisa manungsa koncatan kasabaran, kamangka sabar iku mujudake alat kanggo
nyaketake dhiri marang Allah SWT. Supiyah / Kaendahan : Manungsa
kuwi umume seneng marang kang sarwa endah yaiku wanita (asmara). Mula manungsa
kang kabulet nafsu asmara digambarake bisa ngobong jagad. Aluamah /
Srakah : Manungsa kuwi umume padha nduweni rasa srakah lan aluamah,
mula kuwi yen ora dikendaleni, manungsa kepengine bisa urip nganti pitung
turunan. Mutmainah / Kautaman : Senajan kuwi kautaman utawa
kabecikan, nanging yen ngluwihi wates ya tetep ora becik.
Contone; menehi duwit marang wong kang kekurangan kuwi
becik, nanging yen kabeh duwene duwit diwenehake satemah uripe dewe rusak, iku
cetha yen ora apik. Mula kuwi, sedulur papat iku kudu direksa lan diatur supaya
aja nganti ngelantur. Manungsa diuji aja nganti kalah karo sedulur papat
kasebut, kapara kudu menang, lire kudu bisa ngatasi krodhane sedulur papat. Yen
manungsa dikalahake dening sedulur papat iki, ateges jagade bubrah. Ing
kene dununge pancer kudu bisa dadi paugeran lan dadi pathokan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar