GEGURITAN
Geguritan kaperang dadi loro yaiku geguritan tradisional lan geguritan modern.
Geguritan tradisional kuwi geguritan nganggo paugeran-paugeran tertamtu kayata cacahing larik saben pada (bait). Cacahing wanda saben larik uga dhongdhinge swara. Kang kagolong geguritan tradisional antara liya yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan lan tembang gedhe.
Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Tegese saben padha ora ditemtokake cacahing larik . saben larik ora ditemtokake cacahing wanda lan dhongdinge swara. Mula geguritan modern uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan.
Geguritan kuwi duweni sifat pada karo puisi Indonesia modern. Ana geguritan sing duweni sifat penteng (prismatis) lan ana sing duweni sifat padhang (transparan). Kuwi tergantung angel lan gampang anggone maca nganti mudeng .
Tuladha geguritan
SERBA SALAH
Tekane marake wong gelisah
Swarane marakke nentremake jiwa
Aku ora mudeng sing dikarepake
Kebak wong gersula
Ana kang ngarep-ngarep
Ana kang muni-muni
Amarga tekamu
Ya, aku ngerti
Aku dadi posisimu
Bakal serba salah
Aku ngerti
Kang mbok rasakake udan......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar