DINA APES
Dening ardhina riana
Esuk jam 06.30 wes wayahe aku budhal arep mangkat
sekolah. Sekolahku cedak karo omah dadi aku menyang sekolah mlaku , aku mlaku
lewat kebon amarga luwih cedak bandingke lewat dalan gedhe. pas ngelewati
kebon, aku weruh bocah lanang lan wadon mlebu ing njero-njero kebon. Bocah
lanange mlebu ing njero kebon karo nggawa sarung sing dicekel lan bocah wedon
mlaku ing mburine nututi bocah lanang.
“apa
sing arep dilakokke bocah lanang lan wadon kae ning kebon wahmene” takonku karo awakku dewe.
Pikiranku
uwes mikir sing ora-ora, didhelok seko kasus jaman
saiki sing kebak wong mesum ana ing ngendi-ngendi wes ora kenal nggon. Aku lansung ora
piker suwi, aku nututi bocah lanang lan wadon mau mlebu kebon. Aku uwes ora
kepikiran saiki jam piro , aku telat apa ora, lan diseneni wali kelas apa ora.
Bocah lanang lan wadon mau mlebu gubuk sing ana ing
kebon, biasanne gubug kuwi gawe nyimpen
kayu.
“iki uwes ora genah bocah lanang lan wadon iki, mesti
meh ngapa-ngapa ana ing jero gubug kuwi” batinku karo awakku.
Aku langsung mlayu metu seko kebon, ora piker suwi aku
bali omah arep ngelaporke karo warga desa ana wong lagi mesum ana ing kebon.
Aku kesusu mlayu-mlayu , saking kesusune nabrak Pak RT sing lagi nggawa
daganganne arep mangkat ing pasar.
“Eeee, agus ati-ati to lee ”
“Pak RT, kula nyuwun ngapura pak. Pak RT mboten
napa-napa pak?”
“aku ora pp kok gus, jane ngapa ta kowe kok kesusu?
Dioyak apa ta jane?”
“mekaten pak , kula badhe ngelapor. Menika wonten
bocah jaler lan estri nembe mesum wonten ing kebon”
“heee? Laah, kuwi tenan apa ora?”
“leres pak, kula sampun nututi , menika mlebet gubug
wonten kebon”
“lahh, iki wes ora genah. Ayo terke aku rana gus”
“monggo pak kula terke”
Aku lan Pak Rt mlaku bareng arep nggrebek bocah lanang lan wadon sing lagi mesum. Rupane Pak Rt uwes
penasaran lan kaget krungu kabar saka aku. Ing dalan are ping kebon aku ketemu
karo ica,kanca cedakku ana ing sekolah.
“gus, kowe kok ora lek mangkat sekolah? Ayoo, selak
telat mengko. Ana ulangan pak hadi, jam pertama “
“mengko sek ca, aku lagi arep nggrebek wong lagi mesum ana ing kebon”
“hee? Lah, apa iya? Jam semene ana wong mesum ?”
“iya ca, makanne aku karo pak rt arep nggebek soalle ngisin-ngisini. Kowe arep
melu ora ca?”
Ica bingung, neng atine ica pengen melu nggrebek,
nanging ica wedi amarga jam pertama ana ulangan pak hadi sing dikenal super
galak.
“aku ora melu gus, aku wesi karo pak hadi. Aku mangkat
disik ya gus”
“ya wes, ca mengko tak susul”
Tekanne kebon . aku lan pak rt langsung njujuk panggonan sing dituju. Rupane pak rt uwes
penasaran karo apa sing dilaporke agus.
“menika
pak gubukipun” aku karo nunjuk gubuk sing dituju.
.............................................................................................................................................................
“masyallah,
mas & mba lagi padha ngapa ana ing gubuk kebon esuk-esuk kaya ngene”
Karo
ngelus dada pak rt langsung ngelikke bocah lanang lan wadon mau.
“oalah,
pak rt. Wonten menapa nggih pak?” jawabbe bocah lanang, karo rupa rada bingung.
“lahhhhhhhhhh,
mas arip lan mba surti?” rupaku sing kaget.
Rupanneku
sing kaget. Jebule bocah lanang lan wadon sing tak curigani ,jebule sedulurku
dewe.
“kok
yah mene , ana ing gubuk tengah-tengah kebon. ana apa mba mas?” takonne pak rt
iseh penasaran.
“walah,
menika pak kula nembe mendet kayu. Ngaggem masak. Lah, pak rt menika menapa
wonten mriki?” jawabe arip.
Rupanne
pak rt isen banget, mripate
pak rt ngelirik aku. Aku ngempet rasa isenku, karo nunduk ora wani ngomong
“ana
apa ta gus kowe kok, teko-teko ana ing kebon karo pak rt?” takonne surti.
“ngene
lo mbak, mau tak pikir ana bocah lanang karo wadon mlebu kebon isuk-isuk arep
mesum mbak. Weruh mas arip nggawa sarung tak pikir meh ngapa-ngapa mba” swaraku
sing alon, njelaske karo ngempet isen.
“walah,
ta gus gus. Tontonannmu film wae, pikiranmu yang pikiran film terus gus”
jawabanne mas arip. Karo ngelus-ngelus
sirahe sirahku.
“mas
arip lan mba surti aku njaluk ngapuro ya mas mba, aku yo percaya wae karo agus.
Aku isen banget uwes salah sangka karo mba surti lan mas arip”
“mboten
napa-napa pak rt , kula nggih nyuwun ngapuro isuk-isuk sampun blusukan kebon
kalian garwa kula”
“padha-padha
ya mas mba” saurane pak rt.
“mas
arip, mba surti, lan rt kula nyuwun ngapuro nggih. Merga kula dados salah paham
,kula nyuwun ngapura” panjaluk ngapuraku
karo mas arip lan mba surti.
“wes
gus ora pp, sesuk meneh aja ngene meneh yaa” sauranne pak Rt
“ora
pp gus, nanging sesuk meneh nonton filmme dikurangi ya gus, ben ora kedadian
ngene meneh” sarenne mas arip karo agus
“maturnuwun
ya mas arip lan pak rt”
Sak
wisse njaluk ngapura, aku ndelok jam . aku kaget jebule uwes jam 7.15, aku
kelingan omonganne ica ana ulangan pak hadi jam pertama. Pak Hadi yaiku guru
matematika sing terkenal galak ana SMP 5 , murid kelas 7 tekan 9 padha wedi
karo pak hadi. Aku langsung pamitan karo pak RT , mas arip, lan mba surti.
“pak
rt, kula pamit rumiyin nggih kula sampun telat menika badhe menyang sekolah”
“ohh
iya, gus ati-ati ya gus “
“ati-ati
gus, sinau sing rajin ben dadi wong sing sukses” mas arip melu nyauri.
Aku
langsung mlayu kesusu. Pikiranku ,ulanganne pak Hadi lan wedi ora isa mlebu kelas. Aku wes
kringeten mlayu-mlayu, akhire aku tekan ngarep gerbang. Gerbang uwes ditutup
amarga uwes jam 7.30. aku bingung kudu piye, ora pikir suwe . aku menek pager
sekolah, lagi menek sediluk. Krungu, pak satpam nyeprit-nyemprit.
“hehhhh,
sapa sing gajari menek pager le” omonganne
satpam sekolah.
“lah,
sampun ditutup pak , kula badhe mlebet kula sampun telat pak” aku yakinke pak satpam supaya dibukakki
gerbang.
“lah
salahhe sapa telat, dadi ya
wes tak tutup pagerre”
“pak
kula wonten ulanganne pak hadi, kula mlebet nggih pak” aku karo masang rupa
melas.
“walah-walah,
yawes tak bukakki gerbang minggir sik. Tak bukakki”
“matur
nuwun nggih pak”
“ya,
sesuk-sesuk meneh aja telat meneh ya le”
“nggih
pak, matur nuwun”
Ak
langsung mlayu, njujuk kelas . tekan ngarep lawang kelas, rasa deg-degan arep
mlebu kelas. Pak hadi uwes ana ing njero kelas. Aku wani-wanike mlebu kelas
“Tok..tok..tok”
“ya
mlebu” pak hadi nyauri
“pak
nyuwun sewu, kula telat “ aku nyobo njelaske ning pak hadi.
“kena
apa kowe kok telat gus?”
“kula
kawanen tangi pak”
“kowe
kawanan tangi, gara-gara sinau apa dolan nganti wengi?” takonne pak hadi
“kula
sinau pak, dados kula kawanen pak”
“ya
wes kae, cobo kerjana soal sing ing ngarep. Ngetes sinaumu sewengi nganti
kawanen”
Aku
kaget kudu ngerjake soal sing ana ngarepan , aku ora seneng matematika. Ya,
mesti jawabanne aku ora isa
ngerjakke soal kuwi.
“mboten
saget pak”
“loh
jare uwes sinau? Yawes, mengko kowe melu ulangan susulan wae. Tak kekki soal
sing bedho”
Sauranne
pak hadi.
“nggih
pak” aku mung jawab pasrah.
“ya
kana ngenteni ing perpus dhisik , ben kanca-kancamu padha ulangan disik”
“nggih
pak”
Aku
mlaku ninggalke kelas. Tekanne perpustakaan, aku lungguh anteng karo
ngerasake rasane konyol, salah, isen
campur-campur dina iki. Dina iki pengen ora ana wae . diganti dina selanjut.
Ning atiku ngomong “apa iki dina apesku”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar