Selasa, 21 Januari 2014

SINAU BAHASA JAWA

PANGETAN WARSA ENGGAL 

Dinten Ahad tanggal 30 Desember 2012, Danar matur dhateng bapak ipun supados kersa ndugekaken dhateng Alun-alun.
Danar          : “Pak, mbenjang malem warsa enggal kersa ndugekaken kula dateng
                      Alun-alun boten?”
Bapak          : “Lha arep jam pira le?”
Danar           : “Manawi jam 7 kados pundi Pak?”
Bapak          : “Oh ya, sesuk tak terke.”
          Wonten ing sekolahan Danar pinanggih dateng Isyhar kaliyan Juntria. Danar lajeng ngajak Isyhar kaliyan Juntria dateng Alun-alun.
Isyhar           : “Wah kadingaren tindak ipun enjang?”
Danar          : “Nggih mboten menapa menapa ta.”
Juntria         : “Wonten menapa to Nar, kadosipun kok remen sanget?”
Danar          : “O nggih, mangkih dalu kersa tindak Alun-alun boten?”
Juntria         : “Jam pinten Nar?”
Danar          : “Jam 7”
Isyhar           : “Oh nggih, kula saget nderek”
          “Tett...tett...tett...” Bell tanda mlebet kelas sampun kapirungu. Lare tiga kala wau lajeng mlebet klas.
          Ndalunipun...
Bapak          : “Ayo le enggal mangkat!”
Danar           : “Nggih Pak, nggih.”
          (Danar kaliyan bapak ipun lajeng tindak Alun-alun)
         
Wonten dalemipun Isyhar..
Juntria        : “Isy sampun siap menapa dereng? Mesakaken Danar kaliyan Bapak
   ipun mangkih mindak kedangon anggenipun nengga wonten mrika.”
Isyhar          : “Oh nggih, mangga bidal sak menika kemawon.”
          Isyhar kaliyan Juntria lajeng bidhal dateng Alun-alun. Wonten mrika Danar kaliyan bapak ipun sampun rumiyin anggenipun dumugi.
Juntria         : “Aduhh...nyuwun pangapunten sampun dangu nggih anggenipun
                      nengga wonten mriki?”
Danar          : “Dereng dangu kok, kula nggih nembe kemawon anggenipun dugi.”
Bapak         : “Ayo padha golek papan kanggo lungguh!”
Isyhar           : “Nggih mangga Pak.”
          Bapak Yudha, Danar, Juntria kaliyan Isyhar lajeng pados papan engkang sakeca kagem lenggahan sesarengan, sinambi nengga dhatengipun warsa enggal. Jam 23.50..
Bapak          : “Gilo tak tuokke jagung bakar, ojo padha rebutan kabeh oman.”
D.I.J              : (sesarengan) “matur nuwun Pak.”
Danar           : “Eeh.. eh.., aduh.. aduh.. panas!!”
Juntria          : “Milanipun ngantos-atos mboten sah kesesa.”
Bapak          : “Uwis uwis, kene cuwilan ro Bapak wae.”
Danar           : “Matur nuwun nggih pak.”
Isyhar            : “Eh..eh, nika mirsani nika, kembang apine sae sanget.”
Juntria           : “Wah sampun tahun 2013 ki!”
          Bapak Yudha, Danar, Isyhar kaliyan Juntria ketingal remen manahipun amargi saged mengeti warsa enggal sesarengan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar