Numpak sedhan nganggo blangkon
angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax
wong luwe ora kongang ngadeg
angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax
wong luwe ora kongang ngadeg
Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan
Ngadeg jejeg nyungggi klapa
Ora kaya ewuhe nyunggi duren
Ora bisa ngadeg bukane apa-apa
Ning merga lemes saking olehe keluwen
Sasi pasa padha taraweh
Bakda isya iku wktune
Ati krasa karo kowe
Nadyan during ana nyatane
Blimbing kuning manis rasane
Dienggo rujak sambel trasi
Bocah kuning ayu rupane
Mlongo dongak mambu wangi
Kembang jambu arane karuk
Tiba lemah kena watu
Yen nyawang aku dadi mathuk
Karo sliramu ing jero atiku
Numpak sepur nyang banyumas
Nggawa tas karo sepatu
Apa awakmu wis lalu to mas
Yen aku tresna sliramu
Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku
Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel
Ngandong opo mbecak
Mlaku timik timik
Bekicot nempel katok
Nyocot thok
Tidak ada komentar:
Posting Komentar