dening ardhina riana hasnah
“Dorrr”… swara ing dalan gede ngarep
omah.Rita kaget krungu swara kang banter banget. Ora piker suwe rita mara ing
ngarep omah. Kebak wong kang mlayu, nyedak ing dalan. Rita penasaran apa kang
pengen didelok warga. Rita, nganggo sandal mlaku alon-alon nyedaki swara kang banter banget mau. Kringet adem
uwes metu ning tangan, rasa deg-degkan saya banter ing dadane rita. Para warga
padha desel-deselan ora gelem kalah pengen weruh apa kang ngagetke. Rita ora
iso nyedak , amarga saking kebake warga.
“pak, menika wonten manapa nggih?”
pitakone rita marang warga.
“kuwi mbak, ana kecelakaan “
saurane sakwijining warga.
“innalilalihi, korbanipun kados pundi
pak?”
“mati mba, kuwi lagi ditutup gawa
Koran , arep dipinggirke mba”
“masyaallah, nggih matur nuwun
nggih pak”
Krungu kabar saka sakwijining
warga, wulune rita mrinding. Nanging rasa penasaran Rita saya gedhe , kepengen
reti korbane. Rita usaha ndesel-ndesel warga kang isih ngerubungi, awak cilik
rita ndesel-ndesel gawa asil , rita bisa ana ing ngarep korbanne. Atine rita
uwes ora isa anteng, amarga uwes ana ing ngarep apa kang dikarepke.
Tangan korban kang iseh ketok, gawe
mata rita ora isa bisa ucul ndelengi. ora kuat mata rita kudu ana ing ngarep
terus, rasa ora tegel lan mikirake wong kang ditinggalake. Rita mundur ngadohi
karban kecelakaan lan bali ing ngomah.
“ana apa ta nduk, kok rame temen?”
ibu nakoni rita penasaran.
“wonten kecelakaan buk, korbannipun
pejah buk”
“innalillahi , meseke ya nduk.
Korbanne lanang apa wedok nduk?”
“mboten ngertos kula buk, kula
mirsani wonten ngajeng mboten kuat buk. Mboten saget mbayangake ing
ditinggalake”
“iya nduk, ibuk wae krungu rasanne
ya mrinding. Gawe pelajaran nduk , ati-ati angger numpak motor. Nduk, jare mas
ari arep mrene?”
“inggih buk, wau sampun ngabari
kadose nembe perjalanan”
“owalah,kon ngati-ngati nduk ing
ndalan nduk. Ya wes, ibuk masak gawe calon bojomu nduk”
“inggih buk, mboten usah ibuk dimasake
buk. Mangkih rita tumbas mawon nganggem dahar sareng-sareng”
“halah uwes ta”
“inggih, empn buk.. hehehe”
Jawaban ibuk kang nentremake rita,
rasa seneng ketok ana ing wajahe rita. Restu kang uwes dikantongi, tinggal maju
ing langkah kang luwih serius.
Rita mlebu kamar, klekaran karo muter mp3
lagune astrid“terpukau”
“aku sempurna denganmu,
Kuingin habiskan sisa umurku tuhan
Jadikanlah dia jodohku
Hanya dia yang membuat aku terpukau”
tembang yang ditresni rita, kerep diputer
mbendina karo rita. Amarga lagu kuwi tansah ngelingake awal mulane rita ketemu
ari, bocah lanang kang ditresnani. Rita kang kesemsem karo ari, awak tegap lan
esemme ari, gawe rita ora bisa pindah-pindah meneh. Perjuanganne rita supaya
bisa cedak karo ari dawa , awalle rita ora digagas. Golek-golek perhatianne
ari, ari sing duweni watak ora urusan mbiyen gawe kangelan rita ngentukake
atine ari. Nanging , delok perjuanganne rita kang ketok , ari bales rasa
tresnane rita. Sepenggal crita aril an rita. Lagu astrid kang dirungokake ,
malah dadi kancane rita meremke mata lan ngosongke pikiran sedelok.
“rita rita” swara ibu kang usaha nangike rita.
“ibuuu, wonten menapa?” rita kaget
nyauri ibu.
“ana tamu ngggoleki kowe penting
jarene”
“sinten bu?” pitakonne rita
penasaran.
“polisi”
“hah? Polisi bu? Wonten urusan
menapa kalih kula bu?”
“uwes, ora usah kakean takok. Ndang
ditemoni”
Rita kaget ana polisi sing nggoleki
rita, atine rita deg-degan lan pikiranne rita campur aduk ana apa sebenere.
“mba rita sugiarti?” pitakone
polisi kang teges
“iya pak, ada urusan apa ya pak?”
Takone rita langsung marang polisi.
“mba rita , kenal ari pranata?”
“kenal pak, ada apa dengan ariu
pak? Apa yang terjadi”
“ari pranata mengalami kecelakaan
di jalan jendral sudirman dan sekarang berada dirumah sakit RS. Karyadi”
Krungu kabar saka pak polisi sing
teka ing omah, awak rita teka-teka lemes lan rasane pengen semaput. Tetes eluh uwes ora isa dibendung meneh,
krungu kabar polisi sing ngabarkake kecelakaan ana ing dalan jendral sudirman.
Marake uwes ora bisa ngomong apa-apa amneh.
“innalillah, mas riii” jeritane
rita.
Uwes ora bisa meneh rita nyangga awake rita.
Teka-teka tiba ing jubin karo eluh sing ngancani rita ing rasa kagette.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar