Selasa, 21 Januari 2014

SINAU BAHASA JAWA

PANGETAN WARSA ENGGAL 

Dinten Ahad tanggal 30 Desember 2012, Danar matur dhateng bapak ipun supados kersa ndugekaken dhateng Alun-alun.
Danar          : “Pak, mbenjang malem warsa enggal kersa ndugekaken kula dateng
                      Alun-alun boten?”
Bapak          : “Lha arep jam pira le?”
Danar           : “Manawi jam 7 kados pundi Pak?”
Bapak          : “Oh ya, sesuk tak terke.”
          Wonten ing sekolahan Danar pinanggih dateng Isyhar kaliyan Juntria. Danar lajeng ngajak Isyhar kaliyan Juntria dateng Alun-alun.
Isyhar           : “Wah kadingaren tindak ipun enjang?”
Danar          : “Nggih mboten menapa menapa ta.”
Juntria         : “Wonten menapa to Nar, kadosipun kok remen sanget?”
Danar          : “O nggih, mangkih dalu kersa tindak Alun-alun boten?”
Juntria         : “Jam pinten Nar?”
Danar          : “Jam 7”
Isyhar           : “Oh nggih, kula saget nderek”
          “Tett...tett...tett...” Bell tanda mlebet kelas sampun kapirungu. Lare tiga kala wau lajeng mlebet klas.
          Ndalunipun...
Bapak          : “Ayo le enggal mangkat!”
Danar           : “Nggih Pak, nggih.”
          (Danar kaliyan bapak ipun lajeng tindak Alun-alun)
         
Wonten dalemipun Isyhar..
Juntria        : “Isy sampun siap menapa dereng? Mesakaken Danar kaliyan Bapak
   ipun mangkih mindak kedangon anggenipun nengga wonten mrika.”
Isyhar          : “Oh nggih, mangga bidal sak menika kemawon.”
          Isyhar kaliyan Juntria lajeng bidhal dateng Alun-alun. Wonten mrika Danar kaliyan bapak ipun sampun rumiyin anggenipun dumugi.
Juntria         : “Aduhh...nyuwun pangapunten sampun dangu nggih anggenipun
                      nengga wonten mriki?”
Danar          : “Dereng dangu kok, kula nggih nembe kemawon anggenipun dugi.”
Bapak         : “Ayo padha golek papan kanggo lungguh!”
Isyhar           : “Nggih mangga Pak.”
          Bapak Yudha, Danar, Juntria kaliyan Isyhar lajeng pados papan engkang sakeca kagem lenggahan sesarengan, sinambi nengga dhatengipun warsa enggal. Jam 23.50..
Bapak          : “Gilo tak tuokke jagung bakar, ojo padha rebutan kabeh oman.”
D.I.J              : (sesarengan) “matur nuwun Pak.”
Danar           : “Eeh.. eh.., aduh.. aduh.. panas!!”
Juntria          : “Milanipun ngantos-atos mboten sah kesesa.”
Bapak          : “Uwis uwis, kene cuwilan ro Bapak wae.”
Danar           : “Matur nuwun nggih pak.”
Isyhar            : “Eh..eh, nika mirsani nika, kembang apine sae sanget.”
Juntria           : “Wah sampun tahun 2013 ki!”
          Bapak Yudha, Danar, Isyhar kaliyan Juntria ketingal remen manahipun amargi saged mengeti warsa enggal sesarengan.

Selasa, 14 Januari 2014

GEGURITAN

AKHIR WULAN
dening ardhina riana
 
Ora krasa bakal bubar
Iya bubar....
Bubare wulan desember
Aku urung isa
Nanging aku kudu isa
Ninggalake wulan iki
Aku pungkasi wulan iki
Supaya dadi wulan kang ngangeni
Gawe crita kang tansah ngelingke
 

GEGURITAN

LAYANG SEWENGI 
dening ardhina riana

Swara tembang iku
Ngelingake apa sing tak tanpa
Tresnaku marang sliramu
Ancur karo itungan wektu
Lakune angin gawa crita
Sumribite angin
Marakake ati kempruyukan
Lungamu tanpa swara
Ninggalake kertas
Kang kudu tak waca
Apa kang kudu tak ucap
Tansah donga lan rasa legawa
Gawe sangu laku lan lungamu

GEGURITAN

WERNA KANG MBUKTIKAKE
dening ardhina riana

Apa bisa kowe nggambarake tresnamu?
Nggores werna ing kertas putih iki
Coba buktina ing ngarepku
Apa bisa kowe nggambarake tresnamu?
Kayata langit biru ing tawang
 Kang ketok endah disawang
Apa bisa kowe nggambarake tresnamu?
Gawe aku percaya
Werna kang sliramu pilih !

NGURI-NGURI

SLAMETAN/UPACARA

Bersih desa        : slametan  ngerisiki desa
Berjanje             : maca puji-pujian ngenani riwayate kanjeng nabi Muhammad
Boyongan           : ngalih omah
Brokohan           : slametan tumrap bayi kang mentas lair
Kirab                 : metu bareng arak-arakan
Mantu                : duwe gawe omah-omahake anak
Megengan          : wiwitane sasi pasa
Mitoni                : slametan nalikane meteng pitung sasi
Mule                  : slametan ndongakake para kulawarga sing wis seda
Muludan            : slametan ing dina wiyose kanjeng nabi Muhammad
Ngirim               : ngopeni kuburane kulawarga
Nyadran            : ndongakake wong sing wis seda ana ing makam
Nyekar              : ngopeni kuburan lan ndongakake kulawarga sing wis seda
Nyelapani          : slametan nalika bayi umur salapan (35 dina)
Nyepasari          : slametan nalika bayi umur sepasar ( 5 dina )
Puputan             : slametan nalika pusere bay iwis pedhot
Slawatan           : dedonga marang gusti allah kagem kanjeng nabi Muhammad, kulawargane lan para mitrane
Tahlilan              : maca puji-pujian marang gusti allah, biasanne sawise kesripahan (kepaten)
Tetakan             : sunatan
Tedhak siti         : slametan nalikane bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah
Tingkeban          : mitoni, slametan nalikane meteng 7 sasi
Udhun-udhunan  : slametan ngarepake bakda (lebaran)
Unggah-unggahan : slametan ngarepake pasa (sasi pasa)
Wiwit                 : slametan ngarepake methik pari