Kamis, 23 Oktober 2014
Selasa, 21 Oktober 2014
inginku ungkapkan , namun jari-jari tangan ini yang bercerita
Mungkin banyak orang yang berkata kau tak pantas untukku.
Namun, tahukah kamu.
Kau jauh lebih pantas jadi penuntunku kelak.
Ketika kau menatapku,
aku memang bermata empat,
namun,berbeda dengan pandanganku.
Aku menatapmu dengan satu tatapan,
yang menyimpan banyak harapan.
terlalu banyak rintangan hidup, yang kulewati
namun, rintangan yang terberat untuk melewati itu semua
adalah KAMU...
mudah untukku mengatakan sayang
namun, tahukah kamu sayang.....
sulit bagiku untuk berkata CINTA
Sabtu, 14 Juni 2014
ARTIKEL
AREP MILIH SAPA?
Pilres 2014- slametan demokrasi lagi dadi trending topic ing Indonesia. Sakswise
milih anggota legislatife bulan iki wayahe milih capres. Capres pilihan rakyat
uwes ditentukake, ana 2 capres sing bakal adu visi lan misi nganggo majune
Indonesia. Capres no 1 ana Prabowo-Hatta lan Capres no 2 ana Jokowi-JK. Capres
sing padha kuate, salah sijine bakal mimpin bangsa Indonesia. Capres no 1,
Prabowo Subianto lahir ing Jakarta, 17 Oktober 1951 duweni watak disiplin lan
atos. Ora mung duweni watak lara kuwi nanging dheweke duwe watak cerdas. Prabowo
dikenal ing kemiliterane ,amarga dadi lulusan sing paling apik ing Akademi
Militer Magelang tahun 1970. Karir prabowo ing kemiliteran uwes dikenal,
nanging tahun 1998 Prabowo kesandung kasus Trisakti
, ngakibatke Prabowo di ndekke terhormat saka jabatane dadi Jendral. Saka
kasus kuwi Prabowo pindah ning luar negeri pirang-pirang tahun, mbalik ning
Indonesia mbentuk partai “Gerindra” , sing duwe visi-misi gawe gerakan
perubahan ing Indonseia. Capres sijine ana Joko Widodo, sapa ta sing ora kenal
Joko Widodo? Masyarakat mesti kenal karo sosok sing senenge blusukan ing
desa-desa. Lahir ing Surakarta, 21 juni 1961 iku lulusan Fakultas Kehutanan
UGM. Jokowi lahir saka keluarga sing sederhana uripe sing saka cilik uwes
pindah-pindah gawe Jokowi ngenal kawruhane social sekelilinge. Lulus saka UGM
Jokowi kerja ing peruhasaan BUMN ing Provinsi Aceh. Sak metune saka BUMN ,
Jokowi milih usaha mebel dhewekan. Sukses saka usaha sing di tekunni, karo
kanca-kancane pengusaha duwe inisatif gawe organisasi Asmindo (Asosiasi
Pengusaha Mebel Indonesia) , saka organisasi kuwi Jokowi dipercaya dadi ketua.
Ndelok karaktere Jokowi sing merakyat, Jokowi dicalonke Pemilukada Solo 2005.
Jokowi kepilih dadi Walikota Solo periode 2005-2010, ketresnananne karo kutha
Solo, Jokowi mbangun Solo dadi nyaman lan maju. Saka prestasi kuwi Jokowi
menang meneh ing periode keloro, periode 2010-2017. Saka gebrakan-gebrakan sing digawe Jokowi ing kutha Solo. Gawe
masyarakat remen karo cara Jokowi mimpin, saka kuwi Jokowi diangkat luwih
dhuwur mimpin Jakarta dadi Gubernur. Karo Basuki Tjahaja Purnama , Jokowi
mbenahi Jakarta sing semprawut kuwi. Usahane Jokowi, sing merakyat cedhak karo warga lan ora isin terjun langsung ning
lapangan gawe dhelok situasi sing kudu benahi. Rakyat dadi tambah remen karo
kerjane Jokowi, saka pandhangan rakyat Jokowi pantes maju ing Capres tahun iki,
akhire Jokowi maju ing Capres tahun 2014 no 2. Saka latar belakang Capres 2014
sing padha kuate, bakal dadi slametan demokrasi kang rame tahun iki. Milih
Capres kang isa majukake bangsa Indonesia didelok bobot-bibite Capres, aja mung
melu-melu kancane amarga money politic.
Selasa, 21 Januari 2014
SINAU BAHASA JAWA
PANGETAN WARSA ENGGAL
Dinten
Ahad tanggal 30 Desember 2012, Danar matur dhateng bapak ipun supados kersa
ndugekaken dhateng Alun-alun.
Danar : “Pak, mbenjang malem warsa enggal
kersa ndugekaken kula dateng
Alun-alun boten?”
Bapak : “Lha arep jam pira le?”
Danar : “Manawi jam 7 kados pundi Pak?”
Bapak : “Oh ya, sesuk tak terke.”
Wonten
ing sekolahan Danar pinanggih dateng Isyhar kaliyan Juntria. Danar lajeng
ngajak Isyhar kaliyan Juntria dateng Alun-alun.
Isyhar : “Wah kadingaren tindak ipun enjang?”
Danar : “Nggih mboten menapa menapa ta.”
Juntria : “Wonten menapa to Nar, kadosipun kok remen sanget?”
Danar : “O nggih, mangkih dalu kersa tindak Alun-alun boten?”
Juntria : “Jam pinten Nar?”
Danar : “Jam 7”
Isyhar : “Oh nggih, kula saget nderek”
“Tett...tett...tett...”
Bell tanda mlebet kelas sampun kapirungu. Lare tiga kala wau lajeng mlebet
klas.
Ndalunipun...
Bapak : “Ayo le enggal mangkat!”
Danar : “Nggih Pak, nggih.”
(Danar
kaliyan bapak ipun lajeng tindak Alun-alun)
Wonten
dalemipun Isyhar..
Juntria : “Isy sampun siap menapa dereng? Mesakaken
Danar kaliyan Bapak
ipun mangkih
mindak kedangon anggenipun nengga wonten mrika.”
Isyhar : “Oh nggih, mangga bidal sak menika kemawon.”
Isyhar
kaliyan Juntria lajeng bidhal dateng Alun-alun. Wonten mrika Danar kaliyan
bapak ipun sampun rumiyin anggenipun dumugi.
Juntria : “Aduhh...nyuwun pangapunten sampun
dangu nggih anggenipun
nengga wonten mriki?”
Danar : “Dereng dangu kok, kula nggih nembe kemawon anggenipun
dugi.”
Bapak : “Ayo padha golek
papan kanggo lungguh!”
Isyhar : “Nggih mangga Pak.”
Bapak
Yudha, Danar, Juntria kaliyan Isyhar lajeng pados papan engkang sakeca kagem
lenggahan sesarengan, sinambi nengga dhatengipun warsa enggal. Jam 23.50..
Bapak : “Gilo tak tuokke jagung bakar, ojo padha rebutan kabeh
oman.”
D.I.J : (sesarengan) “matur nuwun Pak.”
Danar : “Eeh.. eh.., aduh.. aduh.. panas!!”
Juntria : “Milanipun ngantos-atos mboten sah kesesa.”
Bapak : “Uwis uwis, kene cuwilan ro Bapak wae.”
Danar : “Matur nuwun nggih pak.”
Isyhar : “Eh..eh, nika mirsani nika, kembang apine sae sanget.”
Juntria : “Wah sampun tahun 2013 ki!”
Bapak
Yudha, Danar, Isyhar kaliyan Juntria ketingal remen manahipun amargi saged
mengeti warsa enggal sesarengan.
Selasa, 14 Januari 2014
GEGURITAN
AKHIR WULAN
dening ardhina riana
Ora
krasa bakal bubar
Iya
bubar....
Bubare
wulan desember
Aku
urung isa
Nanging
aku kudu isa
Ninggalake
wulan iki
Aku
pungkasi wulan iki
Supaya
dadi wulan kang ngangeni
Gawe
crita kang tansah ngelingke
Langganan:
Postingan (Atom)
