Senin, 13 Januari 2014

PARIKAN II


Mangan bakwan anget-anget
Dipangan karo lombok abang
Awan-awan kok adus kringet
Luwih penak yen di dus i kembang

Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan

wong luwe ora kongang ngadeg
Wis suwe ora mangan gudheg
Wani mbanting oleh dedeg
Ayo mancing golek dheleg

Jare Durno, bojone jaran
Dede kulo, anakke setan
Awan-awan mangan gethuk
Bubar mangan kok ngantuk

Saka balongan nganti tekan sumut
Mung saderma golek kuthuk
Bolongan apa tah sing isa ngemut
Ya kuwi sing di arani tutuk

Nyolong waja tekan balongan
Olehe ngedol adoh tekan SUMUT
Bolongan aja sembarang bolongan
Bolongan kudu sing iso ngemut


PARIKAN



Numpak sedhan nganggo blangkon
angkutan umum dadi becax
mbiyen premium saiki pertamax
wong luwe ora kongang ngadeg




Tuku gabah ning Semarang
Gabah garing sekepelan
Ra Masalah wedhok lanang
Sing penting duwe bolongan

 


Ngadeg jejeg nyungggi klapa
Ora kaya ewuhe nyunggi duren
Ora bisa ngadeg bukane apa-apa
Ning merga lemes saking olehe keluwen

Sasi pasa padha taraweh
Bakda isya iku wktune
Ati krasa karo kowe
Nadyan during ana nyatane

Blimbing kuning manis rasane
Dienggo rujak sambel trasi
Bocah kuning ayu rupane
Mlongo dongak mambu wangi

Kembang jambu arane karuk
Tiba lemah kena watu
Yen nyawang aku dadi mathuk
Karo sliramu ing jero atiku

Numpak sepur nyang banyumas
Nggawa tas karo sepatu
Apa awakmu wis lalu to mas
Yen aku tresna sliramu

Ndelok Monas seko Tugu
Ben ra panas jejer aku
Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel

Ngandong opo mbecak
Mlaku timik timik
Bekicot nempel katok
Nyocot thok


Minggu, 12 Januari 2014

NGENAL TEMBUNG PLUTAN



Abot dadi            : bot
Amrih dadi         : mrih
Among dadi        : mung
Awit dadi            : wit
Awor dadi           : wor
Alon dadi           : lon
Liyan dadi         : lyan
Luwih dadi         : lwih
Maring dadi      : mring
Para dadi           : pra
Perang dadi       : prang
Sarana dadi       : srana
Sari dadi            : sri
Serat dadi          : srat
Seru dadi           : sru
Suwara dadi      : swara
Suwarga dadi    : swarga
Suwawi dadi      : swawi
Suwiwi dadi       : swiwi
Weruh dadi       : wruh

Jumat, 10 Januari 2014

WATAKE BOCAH UTAWA WONG



1.       Adigang : ngandel-endelake kakuwatanne
2.       Adiguna : ngandelendelake kaluhurane
3.       Adiguna : ngendel-endelake kapinterane
4.       Ambekdarma : seneng tetulung, welasan
5.       Ambekpati : ora wedi pati
6.       Ambeksiya : seneng nganiaya
7.       Ambeksura : kendel banget
8.       Ambekwani : kendel banget
9.       Alim : pinter tur anteng
10.   Amem : meneng ora akeh gunem
11.   Andhap asor : ora gumedhe, ora umuk
12.   Bandel : ora cingeng, ora gembeng
13.   Beres : ora duwe niyat ala utawa goroh
14.   Bencirih : gampang kena ing lelara
15.   Berbudi : seneng weweh, loma
16.   Blater : pinter sesrawungan
17.   Mblubud : nekat ora duwe isin
18.   Brangasan : gampang nepsu
19.   Mbrekunung : nggugu karepe dhewe
20.   Cendhala : ala kelakuanne
21.   Centhil : emoh weweh
22.   Climut : dhemen nyenyolong
23.   Clingus : isinan, ora kendel sesrawungan
24.   Cluthak : seneng mangan apa-apa
25.   Cubluk : bodho
26.   Cugetan : mutungan, ora sabar
27.   Culika  : dhemen ngapusi
28.   Ndableg : ora ngrewes ing pitutur
29.   Dahwen : seneng nacad
30.   Daksiya : seneng mara tangan
31.   Delap : seneng nganiaya
32.   Drengki : meri marang kabegjane liyan
33.   Ndhugal : kurang ajar
34.   Prasaja : bares
35.   Lonjo : guneme sawiyah-wiyah
36.   Lugu : kaya apa anane
37.   Mentalan : ora duwe rasa welas
38.   Umpakan : seneng dialem
39.   Wasis : pinter
40.   Wekel : sregep serta tumemen