Sabtu, 14 Juni 2014

ARTIKEL

AREP MILIH SAPA?

Pilres 2014- slametan demokrasi lagi dadi trending topic ing Indonesia. Sakswise milih anggota legislatife bulan iki wayahe milih capres. Capres pilihan rakyat uwes ditentukake, ana 2 capres sing bakal adu visi lan misi nganggo majune Indonesia. Capres no 1 ana Prabowo-Hatta lan Capres no 2 ana Jokowi-JK. Capres sing padha kuate, salah sijine bakal mimpin bangsa Indonesia. Capres no 1, Prabowo Subianto lahir ing Jakarta, 17 Oktober 1951 duweni watak disiplin lan atos. Ora mung duweni watak lara kuwi nanging dheweke duwe watak cerdas. Prabowo dikenal ing kemiliterane ,amarga dadi lulusan sing paling apik ing Akademi Militer Magelang tahun 1970. Karir prabowo ing kemiliteran uwes dikenal, nanging tahun 1998 Prabowo kesandung kasus Trisakti , ngakibatke Prabowo di ndekke terhormat saka jabatane dadi Jendral. Saka kasus kuwi Prabowo pindah ning luar negeri pirang-pirang tahun, mbalik ning Indonesia mbentuk partai “Gerindra” , sing duwe visi-misi gawe gerakan perubahan ing Indonseia. Capres sijine ana Joko Widodo, sapa ta sing ora kenal Joko Widodo? Masyarakat mesti kenal karo sosok sing senenge blusukan ing desa-desa. Lahir ing Surakarta, 21 juni 1961 iku lulusan Fakultas Kehutanan UGM. Jokowi lahir saka keluarga sing sederhana uripe sing saka cilik uwes pindah-pindah gawe Jokowi ngenal kawruhane social sekelilinge. Lulus saka UGM Jokowi kerja ing peruhasaan BUMN ing Provinsi Aceh. Sak metune saka BUMN , Jokowi milih usaha mebel dhewekan. Sukses saka usaha sing di tekunni, karo kanca-kancane pengusaha duwe inisatif gawe organisasi Asmindo (Asosiasi Pengusaha Mebel Indonesia) , saka organisasi kuwi Jokowi dipercaya dadi ketua. Ndelok karaktere Jokowi sing merakyat, Jokowi dicalonke Pemilukada Solo 2005. Jokowi kepilih dadi Walikota Solo periode 2005-2010, ketresnananne karo kutha Solo, Jokowi mbangun Solo dadi nyaman lan maju. Saka prestasi kuwi Jokowi menang meneh ing periode keloro, periode 2010-2017. Saka gebrakan-gebrakan sing digawe Jokowi ing kutha Solo. Gawe masyarakat remen karo cara Jokowi mimpin, saka kuwi Jokowi diangkat luwih dhuwur mimpin Jakarta dadi Gubernur. Karo Basuki Tjahaja Purnama , Jokowi mbenahi Jakarta sing semprawut kuwi. Usahane Jokowi, sing merakyat cedhak karo warga lan ora isin terjun langsung ning lapangan gawe dhelok situasi sing kudu benahi. Rakyat dadi tambah remen karo kerjane Jokowi, saka pandhangan rakyat Jokowi pantes maju ing Capres tahun iki, akhire Jokowi maju ing Capres tahun 2014 no 2. Saka latar belakang Capres 2014 sing padha kuate, bakal dadi slametan demokrasi kang rame tahun iki. Milih Capres kang isa majukake bangsa Indonesia didelok bobot-bibite Capres, aja mung melu-melu kancane amarga money politic.